Rabu, 13 Mei 2020

GLADHEN KOMPETENSI (Materi Sekar Macapat Sinom Serat Wedhatama)

I. Ing ngisor iki ana wangsulan sing bener, pilihen!
1. Pathokan sajroning tembang macapat kang ngemot cacahe larik saben sapada, yaiku...
    a. guru gatra
    b. guru sastra
    c. guru lagu
    d. guru wilangan
    e. guru basa

2. Pathokan kang ngemot cacahe wanda saben sagatra, yaiku...
    a. guru gatra
    b. guru sastra
    c. guru lagu
    d. guru wilangan
    e. guru basa

3. Pathokan tembang Sinom, kang bener yaiku...
    a. gatra: 9, wilangan: 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12, lagu: a, i, a, i, i, u, a, i, a
    b. gatra: 8, wilangan: 5, 6, 8, 8, 7, 8, 8, 12, lagu: a, i, i, i, i, a, i, a
    c. gatra: 7, wilangan: 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12, lagu: a, a, i, i, a, i, a
    d. gatra: 6, wilangan: 8, 6, 8, 7, 8, 9, lagu: a, i, a, i, i, u
    e. gatra: 5, wilangan: 8, 8, 8, 8, 7 lagu: i, u, a, i, a

4. Tembang macapat kang asale saka tembung ateges anom, taruna, srinata, roning kamal,
    pangrawit, weni, logondhang diarani...
    a. Sinom
    b. Pangkur
    c. Dhandhanggula
    d. Kinanti
    e. Gambuh

5. Sinom
    Nulada laku utama
    tumrape wong tanah Jawi
    wong agung ing Ngeksigonda
    Panembahan Senopati
    kapati amarsudi
    sudaning hawa lan nepsu
    pinesu tapa brata
    tanapi ing siyang ratri
    amemangun karyenak tyasing sasama

    Werdine Nulada laku utama yaiuku...
    a. nyonto tumindak kang becik
    b. tansah prihatin
    c. tansah gawe seneng wong liya
    d. urip kudu bisa meper hawa lan nepsu
    e. kalakone panggayuh iku seneng tapa brata

6. Tembung amarsudi iku tegese...
    a. ngupadi
    b. prihatin
    c. seneng
    d. kawruh
    e. awan

7. Pratelan kang ateges ngendhaleni hawa lan nepsu, yaiku...
    a. sudaning hawa lan nepsu
    b. nulada laku utama
    c. kapati amarsudi
    d. tanapi ing siyang ratri
    e. amemangun karyenak tyasing sasama

8. Dene pratelan kang nuduhake prihatin iku kudu ditindakake sawayah-wayah
    sanajan awan lan bengi, yaiku...
    a. tanapi ing siyang ratri
    b. amemangun karyenak tyasing sasama
    c. nulada laku utama
    d. kapati amarsudi
    e. sudaning hawa lan nepsu

9. Panulise tembung ing ngisor iki kang bener, yaiku...
    a. panandhang
    b. celatu
    c. pratanda
    d. patuladan
    e. patokan

10. Tembung suta tegese, yaiku...
      a. anak
      b. kewan
      c. awak
      d. sedulur
      e. pakaryan



2 komentar:

Unknown mengatakan...

Jawaban nomor 9 apa ya?

Unknown mengatakan...

Jawaban no 2

MATERI PIDATO

  Pengertian Pidato Pidato adalah sebuah kegiatan berbicara di depan banyak orang. Pidato dilakukan dengan menggunakan bahasa yang baik dan ...