Kamis, 14 Mei 2020

Sinau Online Tembang Macapat Sinom Serat Wedhatama (Ringkesan)

Rinakit saking Prigel Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA Jilid 1

1.   Sinom iku ateges anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit, weni,
      logondhang, lan sapiturute. Sinom duwe karep pucuke godhong kang isih kecut.
      Iki cocok kanggo pambuka crita nanging uga kudu nulad papan panggonan.

2.   Pathokan tembang Sinom: gatra: 9, wilangan: 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 lagu: a, i, a, i, i, u, a, i, a.

3.   Watake tembang Sinom iku tresna asih, canthas, trengginas. Cocok kanggo bab-bab
      kang sarwa lincah, nggambarake sipat kang cukat trengginas, lan sapiturute.

4.   Sinom iku maksude enom. Tembang iki nggambarake wayah enom, watake golek
      pangalembana utawa grapyak, luwes, gampang srawung. Pancen nom-noman biyasane
      seneng sesambungan/kekancan, pinter ngomong utawa srawung kang golek
      kanca/kadang lan narik kawigatene liyan. Nglambangake wayah isih jejaka/prawan.

5. Wos kang kamot ing tembang Sinom Serat Wedhatama:

  1. Serat Wedhatama aweh pangalembana marang pawongan kang seneng ing sikep luruh (wus sengsem reh ngasamun), asipat aweh pangapura lan sabar.
  2. Serat Wedhatama uga nengenake kadiwasaning akal, pikiran, rasionalitas, utawa intelektual.
  3. Babagan karakter lan perilaku kang becik (laku utama), serat Wedhatama menehi tuladha Panembahan Senopati.
  4. Serat Wedhatama ngajarake babagan telung nilai kang bisa ngangkat drajate manungsa, yaiku pangkat, bandha lan kapinteran (wirya, harta, tri winasis).
  5. Serat Wedhatama ngajarake telung prakara kang dadi cagaking panguripan, yaiku lila yen kelangan, sabar nalika entuk pacoban, lan nrima ing pandum pasrah sumarah ing Gusti.
  6. Serat Wedhatama ngedohi sipat angkara murka, yaiku nesu kang tanpa alesan (kareme anguwus-uwus, uwose tan ana, mung janjine muring-muring), nutupi kaluputane dhewe.
  7. Manungsa kang luhur bebudene iku seneng mapan ing papan sepi (tuman tumanem ing sepi), reresik jiwa (masah amemasuh budi), nanging tansah nglakoni kuwajibane, asipat ruruh, lan gawe seneng atining liyan.

   

Tidak ada komentar:

MATERI PIDATO

  Pengertian Pidato Pidato adalah sebuah kegiatan berbicara di depan banyak orang. Pidato dilakukan dengan menggunakan bahasa yang baik dan ...