Assalamu'alaikum Wr.Wb.
Para kadang siswa kelas X lan XI SMK Islam Roudlotus Saidiyyah ingkang tansah kula tresnani. Wonten ing wekdal mirunggan menika, para siswa ingaturan ngayahi tugas individu lumantar media online. Pramila mangga sami dipun niyati kanthi pados Ridlonipun Gusti Allah SWT. Mugi-mugi manfaat.
Wonten ing ngandhap menika, mangga sami dipungatosaken urut reroncening ayahan ingkang kedah dipunlampahi kanthi pener lan bener.
1. Para siswa kedah maos materi ingkang sampun dipunserat wonten ing laman blog menika.
2. Mligi siswa Kelas X, gegayutan kalian materi angka Jawa. Para siswa sakderengipun kedah download lan install font HANACARAKA wonten ing komputer piyambak-piyambak. (menawi badhe gladhen nyerat lumantar komputer!!)
3. Tutorial Install font HANACARAKA saget dipunpirsani wonten ing youtube.
4. Para siswa maos lembar kerja peserta didik ingkang sampun jumbuh kalian topik saha kelasipun piyambak-piyambak.
5. Sedaya ayahan ingkang sampun jangkep, saget dipunkempalaken luman email akhmadyusup26@gmail.com utawi lumantar dokumen foto, file word, pdf ing media HP/WA 085741189585
6. Ingkang pungkasan, para siswa saha tiyang sepuh sami ngisi daftar hadir/presensi online kanthi klik link
6. Ingkang pungkasan, para siswa saha tiyang sepuh sami ngisi daftar hadir/presensi online kanthi klik link
Sugeng Makarya...!
Wassalamu'alaikum Wr.Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar